Friday, 21 March 2014

Kula Dereng Kalah

Leave a Comment
Saben sore aku duwe pakulinan ana ngarep omah karo namatake sasawangan nalika srengenge mangslup. Manuk mabur renteng-renteng pada mulih nang susuhe, ing langit nrabak abang, ing antarane gedhong-gedhong kang dhuwur nantang langit. Ya mung kuwi sing bisa ngilangake rasa sayahku sauwise nyambut gawe ngrampungi tugas kantor sing ora ana lerene. Sadhela maneh bakal kaprungu suwara mbrengengenge ing dalan ngarep omahku. Pak Wiryo bakul puthu bumbung iku nyurung grobage karo tawa "Puthu mas....". Aku mbukak pager banjur mangan puthu ing buk ngarep omahku. Pak Wiryo ngeladheni  wong-wong sing pada tuku puthu bumbung. Sajroning ati, aku mbatin sejatine Pak Wiryo pada karo aku, pada dene golek panguripan ing kutha iki, papan kang jarene "nggon duwit".
Mung bedane aku kaparingan kalodhangan kang luwih kepenak amarga bisa tuku omah lan duwe roda papat model jepang, modhel sing paling anyar, lan nyambut gawene ing kantor sing ruangane adhem. Dene Pak Wiryo omahe samburine lapangan golf sing saben dina tak liwati nalika aku mangkat lan mulih kantor. Aku dhewe durung nate weruh nangin aku bisa nggambarake yen omahe Pak Wiryo merti ing sawijining kampung sing nempel karo pager lapangan  golf. Papan kang kaya ngono iku bisa nekakake dhuwit yen digarap dening investor. Sandhinge panggonane Pak Wiryo wis digusur ngambakna lapangan golf. Wong-wong padha diwenehi ganti rugi sacukupe, mula akeh wong kampung kang ora sarujuk karo pembebbasan tanah kuwi.

"Krunguku jare lapangan golf arep diambake, bener pak?" Pak Wiryo mung mesem sajak wis ngerti kekarepanku. Aku takon maneh, "Lha yen lapangan diambakna, kampunge sampeyan digusur piye Pak?"

"Nggih kersane....yen digusur nggih pindah, wong sanes gadhahane."

Pak Wiryo terus ngladeni wong tuku, aku nerusake mangan puthu karo mbatin dene Pak Wiryo yen ngomong karo aku mesthi nganggo basa krama alus. Mangka umure Pak Wiryo luwih tuwa tinimbang bapakku. Nalika sepisanan tuku puthu, aku ngomong nganggo krama alus kanggo ngajeni amarga Pak Wiryo luwih tuwa. Nanging Pak Wiryo malah rikuh.

"Panjenengane niku lho mas wong priyayi ageng ko ndadak basa kalih kula..."

Oalah.... dunya kuwi jebule esih mbedakna drajat, pangkat lan donya. Mula saka iku aku duwe panemu aku iki klebu wong begja, amarga lair ing keluwarga kang cukup. Sanajan ora sugih mblegendu nanging sakurang kurange yen kepingin apa-apa bisa keturutan. Beda karo wong-wong sing nasibe padha karo Pak Wiryo. Menawa bisa milih, aku percaya Pak Wiryo orang kepengin lair terus dadi wong kang kudu nyambung urip kanthi rekasa. Manut panemuku, kaanan kang mangkoniwis diwarisaken dening Kang Maha Kuasa supaya urip ing donya bisa laras. Sing gedhe nulung sing cilik, sing kuwat mbiyantu sing ora kuway, nanging sing kedadeyan malah sing gedhe tegel mangan sing cilik, sing kuwat ngidak-idak sing kesrakat. Pak Wiryo lan wong-wong sing manggon ning mburi lapangan golf kepeksa minggir amarga dianggep ora nduweni nilai ekonomis tumrap pembgangunan kutha. nangin dheweke bisa apa arep ngapa?

"Pak... puthune sampeyan enak tenan lho, piye nek sampeyan tak silihi modal terus gawe home industry, puthune diwenehi cap terus didol nang super market?"

"Wah, mengke yen kula mboten ider malih, mangke sampeyan kangelan nek pados puthu ndadak madosi super market" Pak Wiryo mangsuli karo ngguyu latah.

"Ngaten mawon pun cekap mas, sing penting saged nguripi lan nyekolahaken anak. Sak boten-botene yen kula dados bakul puthu, anake kula sampun ngantos bakul puthu"

Biyen aku nate nawani supaya anake nyambut gawe ing pabrik nggonku. Aku wis saguh nggawa lan mesti ditampa, karepe nulung Pak Wiryo tinimbang anake nganggur.

"Wong lare tesih sekolah kok Mas"

"Rak wis lulus SMA to Pak?"

"Lha nyuwun kulia niku mas, ning jarene mung kantun nulis napa niku lah jenenge...., pokoke mpun rampung."

"Skripsi....?" Anake Pak Wiryo kuliah...? Aku mbatin karo nggumun, kasile dodol puthu bisa kanggo nyekolahke tekan Perguruan Tinggi..??

Wis meh rong minggu iki ora keprungu mbrengingine puthune Pak Wiryo. Kenang apa ya? Pak Wiryo lara..? Apa omahe digusur..? Tinimbang penasaran aku ngerem mobilku ndadak ora merduli kendaraan ing mburiku padha nguneake klakson. Aku menggok ngiwa menyag jurusan lapangan golf, nang sawijing gang aku mandheg kepeksa mlaku amarga dalane ora bisa keliwatan mobil. Aku mlaku saurute pager lapangan golf. Nyawang mangarep ora anah omah kang esih madeg. Sing ana wong-wong padha nganggo helm kuning lan traktor-traktor lagi nggiles mratakake lemah. Ing papan liyane akeh wong sing padha ngumpulake kayu-kayu lang seng tilas omah campur bawur karo pemulung kang ngumpulaku barang bekas, kampunge Pak Wiryo wis rata karo lemah. Srengenge wis mangslup, alon-alon aku ninggalake papan mau, Kelingan Pak Wiryo karo wong-wong kang kalah dening ukeling jaman. Kalah karo panguwasane dhuwit, wong-wong sing dadi tumbal modernisasi lan kapitalisme.

Srengenge mbranang ing langit sisih kulon, cagak listrik lan gedhong-gedhong tingkat njenggreng mandeng langit. Kaya biasane sore kuwi aku ngadeg nang ngarep omah tapa mbrengingine swara puthune Pak Wiryo. Wingi aku krungu kabar Pak Wiryo digawa anake menyang Batam. Anak sing nate tak tawani gaweyan wis lulus kuliahe, cumlaud! Banjur dijaluk perusahaan asing ing Batam.

Aku banjur kelingan kandhane Pak Wiryo "yen nyawane kula tesih kanthil teng raga Mas, kula dereng kalah......."

(Panjebar Semangat, 2006)

0 Komentar:

Post a Comment

Berkomentarlah yang sopan.
Dilarang berkomentar berbau Spam, SARA, Promosi, atau hal hal negatif lainnya.