Thursday, 24 January 2013

Aja Asal Nudhuh

Leave a Comment
Nang tengah alas ana Singa karo Macan sing lagi rebutan panganan. Singa mau esih cilik ningen wis teyeng nggolet pangan, Singa nemu iwak nang pinggir kali banjur di gawa maring alas. Lagi bae enak - enak mangan, ana Macan sing liwat njur nubruk Singa ngrebut iwak sing lagi di pangan. Singa tiba kejengkang ngathang - ngathang ningen teyeng menyat karo kelaranen.

Singa nggerem - nggerem arep ngrebut iwake maning, tembe bae merek Macan sing awake lewih gedhe lemu ginuk - ginuk mau matane mencorong, cangkeme manga - manga karo keton untune sing lancip - lancip, kukune ranggah - ranggah dawa pisan, Macan nyerang Singa sing lewih cilik awake nganti sewek gulune, Singa ambruk nganti ora menyat maning, Macan sing wis rumangsa menang nggawa iwak mau mlayu githar sakanyah - kanyah.


Orang nganti suwe, ana Kidang loro sing lagi nggolet panganan liwat, weruh ana Singa ngereng - ngereng kelaranen, "Aduh...aduh.....tulung....tulung....."

Kidang mau melas maring Singa.

"Mboke, ayuh padha di tulungi Singa kae".

"Ayuh bapane, kayane Singan kiye ora galak". Njur Singa mau di gawa maring ngisor wit gedhe.

"Mboke, aku tek nggolet tamba, ko nunggoni dhisit ya." Pak Kidang golet godhong - godhongan nggo nambani tatune Singa. Godhong - godhongan dimamah nganti alus, terus dipopokna maring gulune Singa sing suwek. Mbok Kidang ngelus - ngelus Singa.

Wis rong dina Kidang nunggoni Singa sing kelaranen karo welas asih. Singa dirumati nganti mari. Sawise Singa teyeng menyat, Kidang mau seneng banget karo nyeluk - nyeluk bapane. "Pa...pa...kiye ngeneh, tiliki, Singa wis bisa menyat."

"Iya...mboke. Jajal takokna rama biyunge neng endi."

"Singa, rama biyungmu maring endi? Deneng ko dewekan?"

"Herm...herm," Singa karo nangis nuli mangsuli, "Aku wis ora duwe rama biyung, rama biyungku wis mati."

"Ya...wis aja nangis. Siki ko melu inyong bae!"

"Iya...Kebeneran aku karo mboke urung duwe anak. ko gelem apa ora dadi anakku?"

Singa manthuk - manthuk kesenengan.

"Gelem - gelem! Inyong gelem banget!'

Singa mau terus digawa bali neng Kidang.

Dina ganti dina, taun ganti taun, Singa mau wis gedhe. Singa sregep ngrewangi Kidang sing dadi wong tuwa angkate.

"Aku ora rugi nulungi Singa. siki dadi anak sing bekti."

"Iya...Pak. Aku uga melu seneng."

Sawise urip tentrem pirang taun, akhire Kidang manak, anake waras bedigas. Bungah pisan keluargane Kidang, Singa sing dadi anak angkat uga melu seneng pisan duwe adhi. Sawijineng dina, mbok Kidang karo bapake arep maring alas.

"Singa.... Aku karo arep maring alas!"

"Iya..mbok"

"Kowe aja lunga - lunga, nunggoni adhimu bae ya?"

"Iya...pak."

Kidang cilik mau turu angler mergane ditunggoni Singa nyenuk neng jejere, mbok ana laler, semut sing padha merek digusah, dadine turune angler. Ora let suwe, ana Ula mereki Kidang arep nyokot, urung be tekan, Singa mau nubruk Ula, terus Ula dicokot nganti tugel gulune. Cangkeme Singa gupak getih pating dlewer maring awake. Singa banjur nusul Kidang maring tengah alas.

"Pa...pa! Cepet bali..!"

"Ana apa jane! Ko mlayu - mlayu nganti cangkem karo cungurmu gupak getih. Wong kon nunggoni adhimu kok malah nusul, aja - aja adhimu de pangan ya?"

"Ora...ora...pa, temenan, aku ora mangan adhiku dhwewk."

"Pa, aja - aja anake dhewek depangan neng Singa ora ngerti balas budi."

Ora nggunggu omongane Singa, Kidang banjur ngajar Singa, Singa di penthungi ngant klenger. Saking kesuhe, Singa dibalangna maring kali.

"Pa, cepet Pa anake dhewek ditiliki."

"Iya...ayuh," Kidang mau mlayu bali. Bareng tekan ngumah, Kidang cilik ditiliki, nyatane esih turu angler, bregas waras slamet ora kenang apa - apa. "Oalah pak, jebule Singa mau nylametna anake dheweksekang Ula kiye."

"Iya...mboke, dhewek wis ngawur kesusu ngajar Singa."

Kidang sakloron banjur nggoleti Singa neng pinggir kali, untung bae kaline ora gedhe, dadi Singa ora mati klelep, esih ngglethak neng pinggir kali.

"Ayo digawa bali, cepet ditambani."

"Oalah, ko ora ngomong angger wis mateni Ula, dadine kaya kiye."

"Ngomong apa Pa, wong inyong urung bae crita wis kesuh dhisit."

"Ya wis, siki usah digetuni. Wong wis kebanjur, maning - maning angger arep tumindak kudu dipikirna dhisit."

Bareng wis ditambani, Singa mari kaya mikine maning, wis teyeng mlayu - mlayu, ya wis teyeng dolanan. Dina wis arep sore, Kidang sakloron padha kumpul. Pak Kidang karo mbokke njaluk ngapura maring Singa, Singa manthuk - manthuk karo ngantuk. ---


Saking dongeng menika, saged kapendhet tepa tuladha:
  1. Tiyang punika kedah gadhah rasa rumangsa.
  2. Tiyang detulung kebecikan nggih kedah males kebecikan.
  3. Tiyang tumindak punika kedah dipun penggalih rumiyin, ampun grasa grusu

0 Komentar:

Post a Comment

Berkomentarlah yang sopan.
Dilarang berkomentar berbau Spam, SARA, Promosi, atau hal hal negatif lainnya.